Harjuna Sasrabahu
Datan kawursita tindake Sang Ramaparasu, Genti
kang cinarita, perak ginawe adoh, doh ginawe perak. Kang ana ing nagari
Maespati. Sinten ta ingkang ngasta pusaraning adil ing kana, nenggih jejuluk
Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu darbe watak ber budi bawa laksana,
remen paring sandhang marang kang kawudan, paring teken wong kang kalunyon lan
paring usada marang kang nandhang sesakit. Sang Prabu uga darbe watak dana wesi
asat, tan kersa sesukan lan datan remen tedhak marang sajabaning kedhaton. Sang
Prabu amung tedhak lamun ana sabab kang kumudu kudu tinandangan pribadhi.
Senajanta Sang Prabu sinung kasekten kang magila gila, nanging Prabu Harjuna
Sasrabahu datan darbe krenteg ngrabasa prang nglurug bala ngelar jajahan marang
manca praja. Nanging maksa keh para raja manca nagari kang padha sumuyud
sumawita datanpa sarana kagebuging yuda, amung padha kayungyun marang
pepoyaning kautamaning Narendra.
Sang Prabu Harjuna Sasrabahu kagungan garwa, nama
Dewi Citrawati. Putri kang sulistya ing warna, titising Bathari Widawati.
Putri saking Nagari Magada, kang duk inguni rinebutan dening para raja saka
saindengin ndonya kang tuggal karep ngayunake Sang Dewi.
Nanging kadi cara punapa dene sang Prabu yekti
unggul ing ngayuda ngasorake para raja sewu negara kang sedya ngayunake Sang
Dewi? Yekti Sang Prabu nalika samana andhuta sang Rekyan Apatih kang nama
Patih Suwanda kang tuhu sura sekti. Ing kana kaleksanan Patih Suwanda ngasorake
para raja, misungsung putri boyongan marang ratu gustinira, Prabu Harjuna
Sasrabahu.
Ngambali carita kang wus kawuri, nalika samana
Patih Suwanda kang jroning lumaksana bali marang Nagri Maespati ngudarasa
jroning ndriya
“Sewu raja kaleksanan tak asorake yudane,
kanthi ora ngetogake kasudibyan lan kasektenku sakwutuhe. Nanging saiki aku
nedya ngaturake putri boyongan menyang gustiku kang aku durung nate anjajagi
sepira kaprawirane. Aja aja kasudibyane ora angluwihi saka kasektene raja sewu
negara kang nembe tak asorake. Yen pancen kaya mangkana, apa bebathen kang kasandhang
jenengingsun, lamun aku ngawula marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu.
Prayoga lamun ingsun ndadar, sepira kadigdayane Prabu Harjuna Sasrabahu”.
Wus dumugi ing kedhaton Maespati, Suwanda kang
nembe keduga mboyongi Dewi Citrawati, lumarap lan matur ing ngarsanira sang
Prabu.
“Suwanda, bungahing atiku tanpa kinira dene
sira kuwawa mrantasi gawe amboyongi Putri Magada. Matura, apa keng dadi
pamintanira, ganjaran apa kang mesthi kaparingake marang sira yayi Suwanda”.
“Manawi kepareng, kula anggadhahi panyuwun
namung setunggal wujudipun. Penyuwun kula mboten sanes, hamung kersaa Sang
Padukendra andadar kasekten kawula”. Ucapira Patih Suwanda katon sumongah
sesongaran.
Legeg tyase Sang Prabu, dupi mireng panyuwune
Patih Suwanda. Nanging kaya dene we kresna kang tumetesing dlancang seta,
kumudu kudu Sang Prabu anetepi pangandika kang wus kaucapake. Gelising kandha,
raja lan pepatih wus siaga ing dhiri ngungasake kasektenira. Dedreg umyeg genti
kalidhih, saka kaladuking kandha wus patangpuluh dina patangpuluh ratri
kekalihipun, nggenya toh jiwa, bandawala pati.
Nalika samana waringuten Patih Suwanda, dene wus
antara lama datan keduga ngasorake kasudyiban ratu gustinira. Saksana gya
musthi senjata pamungkas kang winastan Cakrabaswara, sanjata kang apamor segara
muncar. Datan kasamaran marang bebaya kang kasandhang dening senjata gilap kang
tuhu ampuhe kagila gila, Sang Prabu Harjuna Sasrabahu sigra matek aji
Triwikrama. Sirna sipating raja kang pekik ing warna, jleg dadi brahala kang
gedhene angebaki jagad. Brahala kang kuwawa amung telung pecak wus keduga
ngubengi jagad. Mulat ratu gustinira Triwikrama, miris kekes manahira Patih
Suwanda, kang datan kasamaran lamun ratu gustinira sayekti panjalmaning Bathara
Wisnu. Sakala sumembah ing pepadane Prabu Harjuna Sasrabahu kang memba brahala,
sarwi angandika.
“Dhuh Pukulun sesembahan kula, muga
kawelasana jasad kawula. Kersaa paduka ngrucat aji Triwikrama, mboten kasamaran
malih lamun paduka Sinuwun tuhu sesembahan kula ingkang sejati”.
Sanalika rucat wujuding Triwikrama, ririh aturira
marang Patih Suwanda.
“Yayi patih, senajan sira wus lancang
anggonira tumindak, kumawani ndadar sepira kaprawiranku, nanging tetep sira
dumadi jejering Patih kang tak tresnani. Yayi, gedhening dedosan kang sira
sandhang awit saka pokal pakartimu, yekti ana paukuman kang kudu sira lakoni”
“Dhuh panjalmaning Bathara Wisnu, andhadha
lepat keng abdi. Keparanga matur, pidana menapa ingkang paduka bade kapatrapan
dhateng jasad kawula. Menawi maksih sembada kula minangkani, senajan ta paduka
andhawuhi anrenggalangi mengsah munah satru sekti, yekti kula mboten badhe
suwala”.
“Yayi, yen ta panjenenganingsun dhawuh
umangsah yudha anrenggalangi mungsuh, ingsun wus datan kasamaran klawan
kasudibyan kang sira darbeni. Pamintaku amung sawiji, pindhahana taman
Sriwedari saka ing Swargaloka, gawanen tumeka ing ngarcapada. Papanaen ana ing
taman Maespati, kanggo sarana lelipur garwaningsun yayi Citrawati”.
Sakala pepes manahira Patih Suwanda, dres
wijiling kang reriwe kadya dineres.
Nanging boting jejibahan kang wus dadi
sesandhangan, wajib kaestokake. Saksana Patih Suwanda anyaguhi.
“Sinuwun, kalilana kawula nyuwun pamit, saha
nyuwun pangestu. Senajanta dereng katingal gatra kadi pundi sarana ingkang
kangge minangkani awrating jejibahan ingkang Paduka paringaken. Bebasan colok
lintang sesambung obor, keparenga ingkang abdi pamit saking ngarsa jengandika
gusti Prabu”.
“Yayi, lelungsen tak bebakali, pangestuku
ambanyu mili. Aja wedi ing weweka, daya daya kelaksanan apa kang sinedya”.
Surem jagade, puteg nalare Sang Patih Suwanda.
Galeyah galeyah lampahira kang amung kaseret gregeting nala pecaking suku.
Jroning ati amung kebak derenging kekarepan, nanging gegayuhan meksa kaya natab
bebeteng waja kang kandel. Bawane satriya kang nora lirwa ing sesanggeman kang
wus kasangkul, sepiraa maksih kandel rasa luput yen nampa bebendu.
Kocap kacarita, gelising kandha, lampahira Patih
Suwanda kepapag lan ingkang rayi Bambang Sukasrana, reseksa bajang kang kuciwa
ing warna. Nanging pepethingane dene Sukrasana tuhu sekti mandraguna, putus
marang saliring agal lembat.
“Ooh kakang Sumantri, tak upadi seprana
seprene teka kakang Sumantri ketemu ing papan kene. Kakang ajanilapake aku lan
lunga maneh, marga kakang wis
prasetya ora bakal ninggal adimu. Kakang, aku ora bisa pisah karo kowe mbaka
gingganga sarambut”. Sukrasana matur marang kadangira tuwa kanthi pangucap
celad kang dadi ceciri.
“Adhikku dhi wong bagus Sukrasana. Aku ora
bakal selak marang janjiku sakawit. Nanging tulungana kakangmu kang lagi
nandhang reruwet”. Sumantri ngucap kanthi kawlas arsa.
“Oooh pantes yen ngana. Pasuryanmu ketok
suntrut. Kandhaa kakang, apa kang dadi bundhelaning rasa susahmu. Adhimu bakal
ngluwar bot repot kang ka sandhang, sing wigati, aja kakang ninggal aku maneh”.
“Aja dadi atimu dhi, kakangmu wus andhada
kaluputan. Ing nguni ora ateges aku lumuh sesandhingan karo kowe dhi. Nanging
aku darbe jejibahan ngenger marang negara Maespati. Angesthi marang dawuhe
kanjeng rama Resi Swandagni. Yen aku wus klakon mukti, yekti siadhi bakal tak
kanthi mlaku reruntungan. Aku prasapa, yen aku goroh, aku saguh sirna dicecamah
buta galak” Sineksen janji Bambang Sumantri kanthi geter pater bumi
prakempa.
“Yen kaya ngana, enggal sajarwaa, apa kang
mesthi tak tindakake kakang Sumantri?”
Cinaritaake bab bot repot kang kasangkul saka
dhawuhe Prabu Harjuna Sasrabahu, sakala Bambang Sukrasana ngguyu latah. Tumuli
Sukrasana mbombong manahira Bambang Sumantri.
“Kakang, kuwi perkara gampang, lilanana
adhimu kang ngalih jejibahanmu ngembani wajib”
Datan kawursita tandangira Bambang Sukasrana,
saking pitulunging ingkang rayi, patih Suwanda kang inguni nama Bambang
Sumantri wus kaleksanan ing sedya, mboyongi Taman Sriwedari. Nanging jroning
taman asri kang wus kasil binoyongan, ing kana ana kurban, Sukrasana tiwas
kaniaya. Wus kaleksanan sesanggeman kang kasangkul, temah nagari ing Maespati
dumadi kaya dene kang kaocapake para empu sastra ; negara kang panjang
apunjung, pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, kerta tata tur raharja.
Lelabuhane Rakyan Apatih Suwanda wus nuwuhake rasa supeketing kekadangan tumrap
Raja lan Pepatihe, kaya dene kadang sinarawedi. Tan ana rasa kuciwa Prabu
Harjuna Sasrabahu, sabab tandang grayange Patih Suwanda nggenira mranata praja,
tan ana cicir mbaka sajuga. Nanging kasejatening katentreman ing alam dunya tan
ana kang lestari, yekti gilir gumanti kadya dene cakra manggilingan.
Kocap, abdinira Sang Dasamuka kang winastan Ditya
Kalamarica, tumindak mbebidhung api rowang, nrenggiling angapi mati. Jroning
katentremaning taman Sriwedari, jro osiking swasana praja. Ditya
Kalamarica keduga munggel yuswane Dewi Citrawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar